Rabu, 27 Desember 2017

SURAT TERBUKA NGGO KANG MAMAD

Ngapak disit mbok lah
Surat terbuka kanggo Pak Ngustad Mamad
--------------------------------------------------
Assalamualaikum...

kepriwe pak kabare? Sehat mbok..!?

Nyong mandan rungu rungu rika mbene bae dideportasi aring king kong... Eh Hong Kong..
Yaa, sing sabar jenengane agi berjuang ya kaya kuwe Pak suka dukane, padahal rika mbene wingi di demo aring Bali, sebab rika ujare ora gelem ngambung gendera merah putih ambi ora gelem ikrar setia karo Pancasila.

Ya embuh sing bener sing ndi.. wong pada golet benere dewek dewek...


Jajal pak, dipikir jan, jane ana ngapa yaa, kok rika dadi kaya wong sing diwaspadai ringendi ngendi jal...!?

Jujur bae Pak, angger rika ditolak aring Hong Kong, sebenere nyong ya ora gumun, Hongkong kuwe kan negara kapir Pak, dadi ya ora usah nggersula nemen2 angger rika ditolak karo wong kapir, mbok rika dewek pas pidato tau ngomong kaya kiye... 

"ikutilah ulama-ulama yang dibenci orang orang kafir..!", yaaa wis angger rika siki ditolak negara kapir berarti bener kuwe mbok.. he he he..

Rika juga tau ngomong "bagi orang NU ikutilah tiga Ulama yaitu KH Idrus Romli, KH Lutfi basori dan Buya Yahya..."
kuwe jan provokatif banget pak... Nyong sebagai wong NU yaa mandan mbedegel karo rika lah, kok kayan-kayane kyai NU bangsa Kyai Ma'ruf Amin, Gus Mus, Kyai Said, Habib Lutfi lan liyan liyane kaya ora nana ajine blas aring rika.. jan.. ngenes campur nelangsa campur mbedegel nyong pak...

Pindo nyong usul aring rika pak ustad, rika kuwe angger ceramah aja gampang dodolan kopar kapir kopar kapir, sitik sitik kapir, sdela dela kapir,mblenger tuli nyong ngerungokna pak.., apa maning sing bangsa khilafiyah,sing ana beda beda pendapat antaraning para Ulama', kuwe ya aja tendensius kaya kayane pendapate rika tok sing kudu dipiloni, liyane salah kabeh...weee jaann..
Masa iya sih pak wong ngucap 'selamat Hari ibu' bae harom,ujare melu melu wong kapir,kyan kayane sing duwe biyung wong kapir tok, wong islam pada lahir sakan watu apa ya...?!!,
Ngucap selamat natal harom...

Ulang tahun harom.., Padahal akeh banget ulama sing kelase nduwure rika ngulihna, sebagai rasa hormat lan ramah tamah, sing penting atine ora geser saking iman..kuwe...kan...?

Maning-maning nyong mekekelan pak, pas rika nyindir Rina Nose 'pesek', 'elek..., gara-garane bocahe ucul jilbab, wis ora kudungan...